Minggu, 13 Januari 2013

demplo

Demplo, Ngangeni April 15, 2010

Posted by Maskur in PANGANAN.
Tags: , , , , , ,
trackback
Pada ngerti panganan sing dijenengi Demplo apa ora ya? Kayane sing ngerti ya wong-wong Banyumas kidul wetan, kaya Banyumas, Somagede, Kemranjen…nek Sumpyuh karo Tambak mbuh ora ngerti.
Kiye lho gambare:

Demplo kuwe panganan sing digawe sekang ampas tahu, dicampuri bumbu terus digoreng nganggo glepung. Aromane madan kaya tahu tapi rasane jelas beda. Gurih-gurih  kepriwe..Apa maning mangane karo lombok cengis, jan enak banget lah, najan ilate kepedesan tapi ora gelem liren goleh mangan.
Mangan demplo kiye marahi cepet wareg. Terus goleh mangan aja kelalen disediakna banyu nggo nginum, soale marahi seret. Nek kandungan gizine kayane tah langka, lha wong anu ampas, digoreng maning. Tapi nek nggo macit-macit thok ya ora apa-apa.
Aku takon wong Cilacap, ngerti Demplo apa ora? Jebule ora ngerti babar pisan. Beda maning wektu takon karo wong Wangon, jere ngerti tapi jenenge udu Demplo tapi Randem. Jarku wong anu padha-padha Banyumase be beda goleh ngarani.
Aku nek pas bali maring Banyumas mesthi nggolet panganan kiye. Nang pasar Sokawera akeh, regane ya murah. Nek bocah siki mbu esih padha doyan Demplo apa ora ya. Wong siki wong ndesa mbok pacitane roti, nek jamanku cilik ya langka. Tapi buktine Demplo esih ana sing adol, berarti ya esih ana singg nggolet.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar